Batur tukon
Batur tukon utawa ing krama réncang tumbas iku fénoména kukum utawa ékonomi ing ngendi prinsip sistim kukum kapamilikan ditrapaké marang manungsa. Dadi manungsa iku éwoning bandha kang bisa diduwèni, didol lan dituku. Banjur wong kang dadi batur tukon ora bisa njabel kaanan iki kanthi sapéhak. Manawa siji wong iku dadi batur tukon, kang duwèni ndarbèni hak kinèrjané si batur tukon tanpa perlu mbayar gaji awaké. Hak-hak lan pangreksané si batur tukon bisa diatur déning undhang-undhang utawa adat ing siji wektu utawa papan, lan siji wong bisa dadi batur tukon sawisé dicekel, dituku utawa wiwit lair.
Saiki iki, kaanan batur tukon wis dilarang ing kabèh nagara sadonya, nanging siji wong bisa kahanggep batur tukon manawa wong iku dipeksa nyambut gawé kanggo wong liya tanpa nduwé daya bisa njabel aturan iki kanthi sapéhak. Kaanan kaya mengkéné iki kerep diarani "praktèk mèmper batur tukon". Wujud mutakir padagangan batur tukon lumrahé diarani slundupan manungsa.
Batur tukon iku wis ana ing mangsa prasajarah lan ugi ana ing akèh kabudayan. Mbiyèn praktèk iki diakoni minangka lembaga absah déning akèhé maskapé utawa masarakat, nanging saiki dilarang ing kabèh nagara.[1][2] Sing pungkasan nglarang iku Mauritania ing taun 2007. Nanging sanadyan mangkono praktèk iki isih lestari minangka utang, batur kang dikurung, bocah-bocah kang diadopsi lan dipeksa nyambut gawé, prajurit bocat, slundupan manungsa, lan kawin peksa.[3] Diprakirakaké jaman saiki, gunggungé batur tukon paling akèh sajeroning sajarah manungsa, cacahé sadonya ana sakiwa-tengené 45 yuta.[4]
Tèrminologi lan dasanama
[besut | besut sumber]Paragraf iki mbabar istilah utawa tembung batur tukon. Ing basa Jawa batur tukon iku tegesé batur kang dituku. Dadi sajatiné iki ukara utawa luwih mèmper frasa. Ing basa Jawa Kuna tembungé kang dienggo ya iku hulun. Nanging ing basa Jawa Anyar tembung iki malih dadi 'ulun' utawa 'ngulun' lan tegesé dadi 'aku'. Tembung 'ngulun' iku kajupuk saka basa Jawa Kuna nghulun, nghulun iku tembung 'ng' + 'hulun'. Uga ana tembung kang kajupuk saka basa Ngarab, ya iku abdi. Nanging jaman saiki abdi iku durung temtu batur tukon. Tembung liyané iku kawula.
Ing basa Lumayu tembung kanggo batur tukon iku 'hamba'. Ing basa Indonésia modèren tembung kanggo batur tukon iku 'budak'. Tembung 'budak' iki ing basa Sundha tegesé 'bocah'.
Ing basa Inggris tembung slave, basa Walanda slaaf lan basa Jerman der Sklave iku kajupuk sama basa Prancis Kuna sclave, saka basa Latin Abad Tengahan sclavus, saka basa Yunani Bizantum σκλάβος. Tembung iki kajupuk saka jeneng ètnonim Slavia. Bangsa Slavia iku mbiyèn akèh kang kacekel lan didadèkaké batur tukon.[5][6] Téyori kang luwih lawas nggandhèngaké tembung iki karo tembung karya Yunani skyleúo kang tegesé 'nggundhuli/ngoncèki/nguliti satru kang kasoraké'.[7]
Jinis batur tukon
[besut | besut sumber]Miturut Encyclopaedia Britannica ana rong jinis batur tukon ing sadawaning sajarah manungsa. Sing lumrah dhéwé iku bisa diarani batur tukon gegriya, patriarkal utawa dhomèstik.[8]
Batur tukon dhomèstik sakala-kala ya nyambut gawé sajabaning omah, contoné yèn didhawuhi ngundhuh panèn utawa dami suket, nanging fungsi mligi ya iku ngladèni bendarané kang miliki awaké utawa ing ngendi waé miturut kabutuhan bendarané, contoné ing dines militèr. Para batur tukon iki dadi simbul status wong-wong kang sugih. Turahané dhuwit kerepé dienggo tuku batur. Batur tukon gegriya kerep banjur awor karo kulawargané kang ndarbèni awaké, nganti kang bocah lanang dadi anak pèk-pèkan lan bocah wadon dadi selir utawa bojo kang nglairaké ahli waris.[8] Kalebu jinis iki ya iku kawin peksa.
Jinis batur tukon utama liyané iku, ya iku batur tukon produksi. Jinis kaya mengkéné iki ora patiya kerep dumadi, lan akèhé ing mangsa Klasik Yunani Aténa lan Kakaisaran Romawi saha ing bawana Amérika sawisé tinemu déning Kolumbus. Saliyané iku, jinis kaya mengkéné uga tinemu ing Irak ing abad kaping 9, antara Suku Indian Kwakiutl ing Amérika lor-wétan lan sawatara laladan ing Afrika sakiduling Sahara. Sanajan para batur tukon uga ditrapaké ing gegriya, para batur tukon iki mligi ana kanggo produksi komoditas ing tambang lan tegal-kebon kang bisa didagangaké.[8]
Cara ndeleng agama marang batur tukon
[besut | besut sumber]Cara pandelengan agama marang batur tukon iku béda-béda lan ambigu. Sawetara cuplikan ing kitab suci iku ngamini batur tukon, mènèhi semangat ngatur cara kapamilikan iki, carané ngopèni utawa dagang batur tukon, kamangka fragmèn liyané nglarang praktèk batur tukon kanthi implisit utawa èksplisit miturut kahanané. Kerep kedadéan wong kang pro lan kontra padha-padha nrapaké fragmèn kang padha saka kitab suci kanggo nepungaké, nrapaké kanthi amba, ngreksa praktèk batur tukon utawa ngurangi lan nglarang batur tukon. Ing ngisor iki kapacak panemuné agama-agama Samawi.
Agama Yahudi
[besut | besut sumber]Ing Alkitab Yahudi, ana sawatara aturan kang ngatur carané ngopèni batur tukon. Miturut Kitab Pranjanjian Lawas, wong Israèl ora olèh digawé dadi batur tukon kanggo salawasé (Pangentasan 21:2)[9], olèhé ngadol anak wadon diatur (Pangentasan 21:7-11)[10] lan ngrampog wong Israèl kanggo didadèkaké batur tukon diukum pati.(Andharaning Torèt 24:7)[11].
Wong-wong saka bangsa sakiwa-tengené Israèl bisa dituku minangka batur tukon. Batur tukon non-Israèl iki, bisa dadi miliké kang nuku kanggo salawasé lan bisa diwarisaké ing para ahli waris (Kaimaman 25:44-46).[12]
Kakristenan
[besut | besut sumber]Ing Prajanjian Anyar fénoména batur tukon ora ditentang utawa dibéla, nanging ana sawatara fragmèn kang nuduhaké manawa para batur tukon lan wong bébas iku dianggep padha waé ing ngarsané Allah.
Nanging para batur tukon kang lumayu ing sawatara wektu dilaknat lan ora pareng mèlu Komuni utawa Riyaya Pista Dhahar.[13] Gusti Yésus dhéwé sajeroning Prajanjian Anyar maringi sawatara paupaman ing ngendi dipratélakaké gegayutané antara batur tukon lan bendarané, nanging ora nentang fénoména batur tukon kanthi èksplisit. Ing sabagéan gedhé ayat-ayat Alkitab ing ngendi si batur tukon iki diomongaké, dhèwèké kudu nurut bendarané (Lukas 12:47[14], I Timotius 6:1[15], Kitab Titus 2:9-10[16], Éfesus 6:5[17], I Pétrus 2:18-19[18]).
Wiwit abad kaping 15 ana sawatara paus kang ngecam batur-tukon. Bulla kapausan Sicut Dudum tuwin bulla Sublimus Deus (1537) kang diwetokaké déning Paus Paulus III matrapi praktèk batur tukon kanthi èksplisit. Paus Pius II (1458-1464) ngarani batur tukon minangka “magnum scelus” (Jawa: 'kadurjanan gedhé').
Sanajan mangkono, bulla kapausan Dum Diversas (1452) lan Romanus Pontifex (1455) iya kudu ingaran. Loro-loroné diwetokaké déning Paus Nikolas V, panerusé Paus Eugenius. Ing kéné tinulis manawa wong kafir lan wong agama liya (Wong Sarasèn) olèh digawé batur tukon. Salah sijiné cara kanggo neraki bulla kapausan kang nglarang batur tukon carané ya iku mawa duwé panemu manawa sawatara bangsa iku ora nduwé roh. Juan Ginés de Sepúlveda ngandharaké manawa wong-wong Indian ora nduwé roh, mula kabèh ora bisa dianggep manungsa. Nalika Débat Valladolid ing 1550, Bartolomé de las Casas olèh pangakonan manawa wong-wong Indian iku manungsa.
Islam
[besut | besut sumber]Jaman mbiyèn madahab-madahab wigati maringi kasarujukané marang batur tukon.[19] Muhammad lan akèh sobaté mundhut, ngadol, ngluwari lan nggawé batur tukon.
Ing Surat Al Balad wong-wong Muslim kaprayogakaké ngluwari batur tukon lan manawa mbébasaké batur tukon dianggep tobat kang bisa ngurangi dosa.
Sajeroning saréngat prakara batur tukon iki dibabar akèh.[19] Ing Alquran lan kadis batur tukon iku kaanggep minangka siji kaanan ora lumrah kang bisa dialamai kabèh umat manungsa.[20]
Namung anak-anak batur tukon utawa tahanan perang non-Muslim kang bisa dadi utawa digawé dadi batur tukon, ora tau wong Muslim kang lair bébas.[21] Manawa batur tukon diluwari, iku kaanggep siji tindhakan kang luhur lan bisa ngurangi dosa.[22] Miturut saréngat, batur tukon kuwi dianggep manungsa kang dhedhasar kaanan iki ndarbèni sawatara hak. Saliyané iku, siji batur tukon Muslim kawajibané padha karo wong Muslim bébas. Malahan batur tukon iku luwih dhuwur tinimbang wong bébas.
Sajarah
[besut | besut sumber]Sajarah batur tukon iku ngandhut kabèh kabudayan, nagara lan agama saka jaman purbakala nganti dina iki. Nanging kaanan sosial, ékonomi lan ukum batur tukon béda-béda ing sistém kang séjé-séjé iki ing wektu lan papan kang séjé-séjé.[23]
Sajarah awal
[besut | besut sumber]Bukti-bukti batur tukon iku luwih dhisik ana tinimbang sajarah lan ana ing akèh kabudayan. Batur tukon antara wong-wong tegal lan beburon langka banget. Batur tukon masal perlu suplus ékonomi lan kapadhetan kang ndunungi supaya bisa ditrapaké. Déné faktor-faktor iki, praktèk batur tukon namung bisa kadadéan sawisé tetanèn diciptakaké nalika jaman Révolusi Néolitik, sakiwa tengené 11.000 taun kapungkur.[8]
Ing cathetan-cathetan sajarah awal dhéwé, batur tukon wis dianggep lembaga kang wis mapan. Kodèks Hammurabi (kurang luwih 1760 SM) contoné, nulis manawa kaukuman wong kang nulungi batur tukon kang lumayu utawa kang ndelikaké wong lumayu iku pati.[24] Alkitab uga nulis prakara batur tukon minangka lembaga kang wis mapan.[25]
Batur tukon iku ditepungi ing mèh kabèh kabudayan lan masarakat kuna kaya ta Suméria, Mesir Kuna, Tiongkok Kuna, Akkadia, Asuriah, India Kuna, Yunani Kuna, Kakaisaran Romawi, Karajan-karajan Yahudi ing Levant kuna, lan kabudayan pra-Kolumbus ing Amérika. Praktèk batur tukon uga ngandhut batur tukon déné utang, paukuman kadurjanan, batur tukon déné tawanan perang, bocah kang dilirwakaké lan anak kang lair saka batur tukon.[26]
Mangsa klasik
[besut | besut sumber]Cathetan prakara batur tukon ing Yunani Kuna kuwi lawasé nganti jamané Yunani Mykenéa. Wis bisa didhedhes manawa ing Aténa ing Mangsa Klasik ndarbèni kang ndunungi batur tukon kang gedhé, bokmanawa nganti 80.000 wong ing abad kaping 6 lan 5 SM. Antara 40% nganti 80% kang ndunungi kutha iki iku batur tukon.
Mawa èkspansi Républik Romawi dadi saya amba, akèh kang ndunungi tlatah-tlatah kang kasoran didadèkaké batur tukon, nganti ana suplai gedhé saka saindhenging Éropah lan Sagara Tengah. Para batur tukon iku asliné antarané wong Yunani, Iliria, Bèrbèr, Jerman, Karajan Manunggal, Trasia, Gaulia, Yahudi, Arab lan liya-liyané. Kabèh ora mung dienggo tenagané minangka buruh dikon nyambut gawé, nanging uga kanggo panglipur, contoné kanggo tenaga gladiator lan batur tukon sèksual. Penindasan déning minoritas élit iki ngakibataké pambalélan déning para batur tukon. Salah sijiné kang kawentar iku pambalélané Spartakus, wong Trasia.
Ing mangsa Républik pungkasan, batur tukon wis dadi pilar wigati ékonomi sajeroning kamakmuran Romawi, saha pérangan wigati masarakat Romawi. Diprakirakaké punjul 25% kang ndunungi Roma Kuna iku batur tukon, sanadyan angka iki dipaido akèh sarjana lan béda-béda saka daérah siji karo sijiné.
Para batur tukon iku nmujudaké antara 15-25% kang ndunungi Italia, akèhé tawanan perang kang mligi saka Gaulia lan Epirus. Prakiran cacahé batur tukon ing Kakaisaran Romawi katoné nuduhaké manawa para batur tukon iki sumebar ing provinsi-provinsi sajabaning Italia. Lumrahé, para batur tukon ing Italia iku wong Italia pribumi, mawa ana wong ngamanca sithik (kalebu batur tukon lan batur tukon kang wis diluwaraké) kang gunggungé namung 5% ing kutha karajan nalika ing puncaké, awit nalika iku cacahé pas kang gedhé dhéwé. Sing asalé saka sajabaning Éropa biasanya katurunan Yunani, kamangka kang katurunan Yahudi kerepé ora bisa asimilasi lan awor ing masarakat Romawi lan panggah dadi kaum minoritas kang katon mencolok.
Para batur tukon iki (mligi kang wong ngamanca) ndarbèni kadar pati kang luwih dhuwur lan kadar lair kang luwih asor tinimbang wong pribumi. Terkadhang para batur tukon ngamanca iki uga diusiri kanthi gedhèn-gedhènan. Umur batur tukon kang kacathet nalika mati ing Kutha Roma iku asor banget: 17,5 taun (17,2 kanggo lanang lan 17,9 kanggo wadon).
Abad Tengahan
[besut | besut sumber]Éropah Abad Tengahan lan mangsa modèren awal
[besut | besut sumber]Dagang ing batur tukon skala gedhé mligi namung ana ing tlatah kidul lan wétan Éropah nalika jaman Abad Tengahan: Kakaisaran Bizantium lan Donya Islam iku patujoné batur tukon, kamangka sumber wigatiné iku Éropah Tengah lan Wétan kang isih kafir nganti tekan Kaukasus lan Tartaria. Para bakul Viking, Arab, Yunani lan Yahudi Radhani kabèh mèlu kagepokan. Padagangan batur tukon Éropah tekan ing puncaké ing abad kaping 10 sawisé Baléla Zanj kang ngakibataké suruté batur tukon Afrika ing Donya Arab.
Spanyol ing Abad Tengahan lan Portugal mèh tansah lan tanpa pegat diinvasi déning wong Muslim menyang tlatah-tlatah kang akèh dienggoni wong Kristen. Èkspedisi kerep dikirim saka Al-Andalus kanggo nempuh Karajan Kristen Ibéria, lan manawa bali nggawa jarahan perang lan batur tukon.
Contonipun ing siji serangan menyang Lisboa, Portugal taun 1189, sang kalif Almohad Yaqub al-Mansur nggawa bali 3.000 wong wadon lan bocah tawanan, kamangka gubernur Córdoba ing serangan sawisé menyang Silves, Portugal ing taun 1191, njarah 3.000 batur tukon Kristen. Sawisé iku saka abad kaping 11 nganti abad 19, Bajag Afrika Lor nganakaké razia, serang ing kutha-kutha pasisir Éropah kanggo njarah batur tukon Kristen kang diadol ing pasar-pasar batur tukon in Aljazair lan Maroko.[27]
Ing Karajan Manunggal, praktèk batur tukon diterusaké sawisé Kakaisaran Romawi sirna, lan sawatara pérangan undhang-undhang Hywel the Good kang ngurusi batur tukon in Wales Abad Tengahan. Padagangan iki mligi dianakaké sawisé invasi Viking mawa pasar gedhé ing Chester lan Bristol kang disuplai déning wong Dènmark, Mercia lan Wales. Wong-wong iki olèhé golèk batur tukon ya mawa nyerang daérah pawatesan siji lan sijiné.
Nalika jamané Domesday Book, sawatara 10% kang ndunungi Inggris iku batur tukon. Batur tukon ing Abad Tengahan ing Éropah iku lumrah banget nganti Gréja Katulik Roma bola-bali nyoba nglarang. Saorané èkspor batur tukon Kristen menyang tlatah non-Kristen dilarang nalika contoné Konsili Koblenz (922), Konsili London (1102) lan Konsili Armagh (1171).
Ing taun 1452, Paus Nikolas V ngetokaké bulla kapausan Dum Diversas, kang maringi Raja Spanyol lan Portugal hak kanggo nggawé kabèh wong Sarasén (tembung kuna kang ngrujuk wong Muslim), wong kafir lan kabèh wong kang ora percaya dadi batur tukon salawasé lan ngabsahaké padagangan batur tukon minangka kasil perang.
Kapustakan
[besut | besut sumber]- Reggie Baay, 2015, Daar werd wat gruwelijks verricht. Slavernij in Nederlands-Indie. Amsterdam: Athenaeum.
- Murray Gordon, 1989, Slavery in the Arab World. New York 1989: New Amsterdam Books.
Réferènsi
[besut | besut sumber]- ↑ Kevin Bales, New Slavery: A Reference Handbook, (2004:4), ISBN 978-1-85109-815-6, diaksès tanggal 11 Fèbruari 2016]
- ↑ Shelley K. White, Jonathan M. White, Kathleen Odell Korgen, Sociologists in Action on Inequalities: Race, Class, Gender, and Sexuality, (2014:43), SAGE Publications, ISBN 978-1-4833-1147-0
- ↑ Religion & Ethics – Modern slavery: Modern forms of slavery, BBC, 30 Januari 2007, diaksès tanggal 16 Agustus 2016
- ↑ Modern slavery estimated to trap 45 million people worldwide, NY Times, 31 Mei 2016, diaksès tanggal 1 Juni 2016
- ↑ Oxford English Dictionary, 2nd edition 1989, s. v. 'slave'
- ↑ Encyclopædia Britannica, History of Europe – Middle Ages – Growth and innovation – Demographic and agricultural growth
- ↑ F. Kluge, Etymologisches Wörterbuch der deutschen Sprache. 1891, s. v. 'Sklave'.
- ↑ a b c d 'Enclycopaedia Britannica', Slavery, diaksès tanggal 13-8-2016
- ↑ 'Yèn kowé tuku batur-tukon wong Israèl, wong mau kudu dadi batur-tukon sajeroning nem taun. Ing taun kapitu kudu diluwari tanpa mbayar tebusan apa-apa. (Alkitab Jawa, Lembaga Alkitab Indonésia (1994))
- ↑ 21:7 Yèn ana wong wadon Ibrani dadi batur, wong mau ora kena diluwari kaya carané ngluwari batur lanang.(Alkitab Jawa, Lembaga Alkitab Indonésia (1994))
- ↑ Yèn ana wong nyulik pepadhané tunggal bangsa didadèkaké baturé utawa diedol kaya batur-tukon, wong mau kudu diukum pati. Srana cara mangkono kowé mbrantas piala mau.(Alkitab Jawa, Lembaga Alkitab Indonésia (1994))
- ↑ Yèn kowé butuh batur-tukon, tukua kang asalé saka bangsa-bangsa sakiwa-tengenmu. Utawa tukua anak-anaké wong manca kang manggon ing antaramu. Anak-anaké wong manca kang lair ing negaramu, kena kokdadèkaké batur-tukonmu, lan kena kokwarisaké marang anak-anakmu selawasé urip. Nanging pepadhamu wong Israèl ora kena koksiya-siya. (Alkitab Jawa, Lembaga Alkitab Indonésia (1994))
- ↑ Infallibility on Trial Christian Classics, Luis M. Bermejo, 1992, kaca 313, ISBN 0-87061-190-9
- ↑ Awit abdi kang ngerti apa kang dikersakaké déning bendarané, mangka ora siyaga lan ora nglakoni kersané bendarané, abdi mau bakal dipecuti marambah-rambah (Alkitab Jawa, Lembaga Alkitab Indonésia (1994).
- ↑ Para batur-tukon Kristen kudu padha ngajèni marang bendarané, supaya asmané Allah lan piwulang kita aja diala-ala déning wong (Alkitab Jawa, Lembaga Alkitab Indonésia (1994).
- ↑ Para abdi padha yasa-turuta marang dhawuhé bendarané lan ing sadhéngah prekara gawéa mareming atiné bendarané. Aja padha madoni bendarané, utawa nyolong barang-barangé bendarané. Malah para abdi selawasé kudu nélakaké yèn dhèwèké becik lan setya, supaya srana sadhéngah prekara kang ditindakaké kanthi becik mau, wong-wong padha ngalem piwulang bab Allah, Juru Slamet kita (Alkitab Jawa, Lembaga Alkitab Indonésia (1994).
- ↑ Para batur, kowé padha yasa-turuta marang bendaramu klawan wedi lan geter, sarta klawan tulusing ati; padha kaya enggonmu yasa-turut marang Sang Kristus (Alkitab Jawa, Lembaga Alkitab Indonésia (1994)
- ↑ Kowé para batur, padha sumuyuda kanthi pakéring marang para bendaramu, ora mung karo bendaramu kang luhur bebudèné lan sumanak, nanging uga karo kang kereng. Allah bakal mberkahi kowé samangsa padha betah nandhang panganiaya kang ora adil, amarga ngerti yèn kuwi kersané Allah (Alkitab Jawa, Lembaga Alkitab Indonésia (1994).
- ↑ a b Lewis 1994, Ch.1 Archived 2001-04-01 at the Wayback Machine.
- ↑ Brunschvig. 'Abd; Encyclopedia of Islam
- ↑ Du Pasquier, Roger, Unveiling Islam, p. 67
- ↑ Gordon 1987, page 40.
- ↑ Herbert S. Klein and Ben Vinson, African Slavery in Latin America and the. Caribbean, 2007, New York: Oxford University Press, isbn 978-0195189421
- ↑ Mesopotamia: The Code of Hammurabi (sitat: Prologue, "the shepherd of the oppressed and of the slaves". Code of Laws #7, "If any one buy from the son or the slave of another man")
- ↑ "Slavery (sociology)". Encyclopædia Britannica.
- ↑ Demography, Geography and the Sources of Roman Slaves, by W. V. Harris: The Journal of Roman Studies, 1999
- ↑ "British Slaves on the Barbary Coast" diarsip saka kéné ing tanggal 10-3-2008]